Rabu, 25 April 2012

kembang sa njeroning koco

kembang sa njeroning koco
senadyan cedak ceto welo welo ning tan keno di raba
kembang sa njeroning koco,angawe pamer esemu kang merah jambu
wangi ra kentoro,anggawe welih ing ati sudyo sudyo
karep amatek roso sajeroning ati
ning ewo dene tan tinemu dalan pamikir
ee yo sabar sabaring kaduwung
ginantung rogo lan jantung
pan sambat isin leh tinembung
pan nyebut sopo kang disebut
keong buntet
buntu dalaning polah
ngembang kantil rupamu ayu tansah kinantil
kemban sajeroning kaca anggawe cuwo rasa rasaning tresno...duh Gusti sun sinambat..mugio madanging raino nuntun lakuku balik ning dawuh MU

Tidak ada komentar:

Posting Komentar