Rabu, 25 April 2012

CANDIKALA


Jer...jakating candikala kanti tejo abang mbranang.
Tumungkuling suryo katutup pedut kang nggembuleng.
Swarane kukilo cumlatuk rengeh anundung sepiing swasono
wangining sekar melati anyebar reroso leno
anggawe gandrunging ati
kang tansah amemuji ngersaning Gusti
sirnaning candikala katundo wayah ratri
adoh sangkan parane,kapireng larasing kidung
kapranan atiku anggugah tangi roso kangenku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar