Kamis, 26 April 2012

ESEMMU KAPUNDHUT

Kelingan dek jaman samono

wayahe esuk byar remeng remeng
esem kang kinanthil ing lambemu
anggawe pecahing roso

tansah alelewo gawang gawan
tan iso ka buang

ewo dene
ra ngerti sangkan parane
telungndino kapungkur
rupa lan esemu lungo katundung

amargo entek kontrak uripmu
katunduk mulih seko jalaran penyakitmu

roso nelongso
tangisku tan iso kabendung
peteng dedet raino katutup mendung
isih gawang gawang esemu
kinanthil kanthil

duuh Gusti kang kembeng pikir lan ati

tk riloke tresnoku
kapundhut
pandongaku mugio tinemu dalan padang lan jembar kalangane

esemu tentrem sinisihan Gusti

(koncoku kang crito,slmt jln amin)

Jum'at, 27 April 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar