Kamis, 26 April 2012

EMPRIT GANDIL

E e yaeh opo to,cumlatok sesulihan wangsul kiwansalan

je rupane embun ketok bening endip endip ing pucuking godong 
samirono sumilir angelus pipiku kang garing
seer seger rumesep semeh ing pikir

ee cilik e emprit gandil tibo ning sikilku

tak ranggeh tak elus banjur mblayu miber
mencok ing wit

njur balik kaprungu
laguning emprit
cemruet . . .
cemruit. . .

swarane angundang jejering surya
kang lg sungkowo
kalingan mendung
tan ketok eseme

ee e elok e
emprit gandil
cilik ning resep
anglipur roso

Tidak ada komentar:

Posting Komentar